Ajining diri gumantung ono ing lathi ajining rogo ono ing busono
Sak jatosipun judul ingkang kasebat ing nginggil
namung saperangan saking komplet-ipun ukara
lan petuah Jawi ingkang mengku karep ugi pitutur
sae, jangkep-ipun seratan ing nginggil inggih
menikoAjining Dhiri Gumantung Saka Lathi,
Ajining Raga Gumantung Saka Busana, Giri
Lusi Janmo Tan Keno Ingino.Pitutur ingkang
maknanipun sae sanget menawi kita saget
nglampahi kanthi lelandesan manah ingkang
sareh lan welas. Sinten kemawon ingkang saget
nglampahi pitutur meniko, wontenbebrayan
agung ing ngalam donya meniko badhe
manggihi kesaenan lan ugi raos tentrem lan
ayemipun manah.
Raos tentrem ayem manah kagem sangu
gesang, tamtunipun kanthi nglampahi pitutur
ingkan kasebat ing ngajeng. Supados kulo
panjenengan sami saget nyinaoni sesarangan,
punapa jarwanipun seratan lan pitutur meniko,
mboten wonten niat guroni menopo maleh
minteri, namung sadermi tansah saget
ngemutaken dumateng diri pribadi kulo. Lan
setunggal-setunggal ukara mangga dipun udari
jarwanipun sesarengan :
Ajining Dhiri Gumantung Saka Lathi, ukara
meniko jarwanipun kirang langkung mekaten sak
sinteno kemawon badhe gadah raos wuh
pekewuh, raos sungkan lan ngajeni dumateng
kulo panjenengan sami menawi sedaya rembag
lan wicanten kula panjenengan sami tansah
sareh, menawi ngendikan dumateng rencang,
sederek ingkang enem utawi ingkah sepuh tansah
nglembah manah. Tamtunipun kula panjenengan
sami saget ngraosaken menawi rembakan kanthi
intonasi ingkang inggil,wontenipun namung nesu
kemawon lajeng menopo ingkang dipun aturaken
tansah ngapusi lan ngelek-ngelek tiyang sanes.
Lathi saget ndadosaken pancakara (=perang),
padudon, namun lathi saget ugi ndadosaken raos
ketremanipun gesang, kabagyanipun gesang lan
ndamel manah tansah ayem tentrem. Mugi-
mugi kula panjenengan sami tansah saget njagi
tutur lan atur ingkang sae dumateng sinten
kemawon amrih gesang saget ayem tentrem lan
ugi tansah sami-sami ngajeni wonten bebrayan
ing ngalam donya meniko.
Ajining Raga Gumantung Saka Busana, ukara
meniko mengku karep bisa raga kula lan
penjenengan sami meniko wadahipun rasa, raga
utawi badan meniko ingkang dipun pirsani sok
sinteno kemawon, pramila busana penting sanget
tumrapipun raga, busana kagem nutupi aurat,
busana saget ndadosaken raga ketawis sae dipun
pirsani, busana ndadosaken raga aman, namung
busana meniko pantas lan mboten-ipun, sae
menopo mboten tumrapipun raga kedhah selaras
lan serasi antawisipun raga lan busana,
kekajenganipun menungsa tansah gadhah
gegayuhan ingkang agung, gegayuhan ingkang
inggil, semanten igu babagan busana (=rasukan),
lha menawi gadhah kekajengan bilis raga meniko
tansah rumaos ayem tentrem, njih kedah
ngagem busana ingkan saktrep-ipun. Pramila bilih
raga meniko tansah dipun ajeni, raga kedah dipun
dandani lang diasi dipun busana-ni kathi ingkang
sae, mbok pilih piyantu ningkang ngagem
busana sak wontenipun menawi dipirsani benten
kaliyan piyantun ingkang ngagem busana
ingkang sae-sae.
Giri Lusi Janmo Tan Keno Ingino, bebrayan
ing ngalam donya mboten saget piyambak
amargi menungsa meniko makhluk sosial,
ingkang mbetahaken rencang lan srawung
babagan srawung meniko kedhah wonten raos
ngajeni, raos ngurmati lan mboten nyepeleaken
tiyang sanes, mboten rumoas saget lan pinter
piyamak, mboten rumaso gatheng, bagus, utami
ayu lan manis piyambak, mboten rumoas sugih,
rumaos pangkat lan jabatanipun inggil. Gusti
Kang Murbeng Dumadi ndadosaken menungsa
kanthi kekiyatan, kanthi keluwiha ingkang mboten
sami antawis setunggal lan setunggalipun,
pramila Giri Lusi Janmo Tan Keno Ingino meniko
saget kagem pepeling lan pitutur bilih sampun
ngantos nyepelekaden dumateng tiyang sanes,
sampun ngantos ngicalaken raos ngurmati
dumateng tiyang sanes.
Mugi-mugi kula panjenengan sami tansah
ngupadi pitutur luhur meniko supados gesang
ayem tentrem kanthi sesanti Ajining Diri
Gumantung Saka Lathi, Ajining Sarira Saka
Busana, Giri Lusi Janmo Tan Keno Ingino..
suwun.. wonten kirang langkungipun nyuwun
agunge pangraksami.. wassalam

Komentar
Posting Komentar